Selasa, 26 April 2011

Perdana

( Seorang ibu duduk di sudut ruangan, menjahit sarung. Sementara dari arah penonton Aminah datang dengan ragu dan takut pada ibunya. )
Ibu : Aminah!!!
Aminah : IbuUuUuUuuuU……
Ibu : (melihat kedatangan Aminah , ibu terharu , menangis tak kuat menahan bahagia) Aminah anakku…….
Aminah : maafkan aku ibuuuu,,,aku sudah membuat ibu kecewa..
Ibu : Sudahlah anakku, semua terjadi begitu cepat. …Yang penting sekarang kamu sudah kembali… Mari kita buka lembaran yang baru…
Aminah : Hatiku beku, mati rasa, aku telah di butakan oleh dunia metropolitan…andai saja aku mendengar kata kata ayah dan ibu, pasti aku tidak begini… bu, ayah mana bu ?
Ibu : ayah sedang pergi ke sawah nak….seperti biasa jm jam segini ayahmu mulai sibuk dengan sawahnya….
Aminah : aku kangen sama ayah bu…..aku ingin minta maaf sama ayah….terlalu besar dosa dosa yang telah ku perbuat pada beliau..
Ibu : Sebentar lagi pasti ayahmu pulang, kamu pasti capek… sini barang-barangmu, kamu istirahat dulu di kamar.( sambil membawa tas milik aminah ke kamar )
Aminah : iya bu….terimakasih
( kemudian ibu dan aminah pun menuju kamar aminah )

( Di persawahan, bapak dosol sedang asyik membersihkan rumpuit rumput yang tumbuh di lahan pertaniaannya ).
Bapak : Ndek jaman berjuang….njur kelingan anaki lanang….biyen tak openi neng sak iki ono ngendiiiii… ( sambil mencabuti rumput )
Eeeee alahhh …urip kok kyok ngene…gustiiii parengono tipi..!!!
Weeeealah naseb naseb…
( kemudian datanglah pak sarno )
Sarno : opo to kang we kie…..tak rungok rungokne ket mau og isine sammmmmmmbat ae…jane enek opo tow ? rene ,leren leren neng gubuk kene disik kang…!
Bapak : Piye kang no aku iki…kon gag samba tie yo pie neh. Nduwe anak yow podo gag nggenah kabeh., di kandani isone malah mangsuli…seng wedok di sekolahne duwur, karepku kie tgag kon kuliah nyang STKIP NGawi..malah milih budal neng metropolitan jare golek dwit gede ( padahal diwt wie opo enek seng gede tow ??? )..
Seng adike jek cilik wes ngewar ngeweri anake wong …
Sarno : Wes kang, tanah yow is dadi piliane anakmu…dadi wong tuo kie sak dremo mernahne, piye amrehe anak kie iso dadi wong tenan. Tapi yow piye neh kang,wong yow karepe anak anakmu ngono …
Bapak ; lha yo kang,jane anakku kie gag yo runtung runtunge karo anakmu to? Sak ngertiku ankmu yo beres beres ae, penak aturane…..bedo karo anak anakku.
Sarno : wes kang wes gag sah di bahas, grai beban ae….urip kie koyog aku kie low kang…jarene wong pinter pinter kae “ Apapun yang terjadi Baik suka maupun duka aku harus tetap tersenyum “
Bapak : weeeealah kang kang ,gayamu ae koyog wong pinter hmmmm , koyog opo ae we wie
Sarno ; yo jelas now kang….aku og….iyow kang mendunge wes katon peteng. Ayog awake dewe muleh wae, gaeane neng sawah di terusne sesok ae. Nek nuruti gawean gag enek enteke kang…..salog udan ngko….
(kemudian bapak dan pak sarno pulang ke rumahnya )

( di rumah pak sarno, bu sarni sedang memasak di dapur )
Bu sarni : hmmmm…siap siap siap….masakan kesukaan bapak sampun siap kabehhh….wis bakalan seneng kie ngko bapak, tag masakne sayur bening kesenengane bapak…
( tiba tiba kartini datang )
Kartini : bukkk…. Ibukkk…( manggil ibunya dengan nada mesra )…sajake kok sampun mateng niki…..masak punopo tow buk ??
Bu sarni : dalemm…iki lo ndok ibu lagi masak sayur kesenengane bapak…sayur bening..
Kartini : walah ibukkk…..saget mawon…lha sak meniko bapak pundi buk ??
Bu sarni : law yow nduk yah meme kok dengaren bapakmu durung kondor ko sawah, geg yow mendung`e wis peteng pisan. Biasane yow yah mne kie wis kondor…opio jajal parani ae nduk salok kudanan ngko…
Kartini : injeh buk, sak meniko kulo tag muruki bapak…
Bu sarni : iyow nduk,ndang di susul bapak….gen ndang kondor…
( kemudian kartini pergi menyusul bapaKnya )
Bu sarni : kabeh wis siap…mesti bapak seneng kie ngko…
(kemudian pak sarno datang )
Pak sarno : AsSalAmualiakum….
Bu sanri : WaAlaikum salam ….( sambil menjabat tangan suaminya daN cium tangan )
Pak sarno : hmmmm…..sajake kok rasa rasane seger men ambune kie…jane masak opo to buk ??
Bu sarni : injeh bapak , sak meniko ibu masak sayur remenanipun bapak….sayur bening…
Pak sarno : hmmmm….. tanah ibu kie pengertian tenan karo aku, grai kelingan jaman biyen iseh nom wae hahahah…
Bu sarni : ah bapak niki saget mawon…lho bapak ndek mau gag ketemu kartini tow pak ?
Pak sarno : lhooow lha emang kartini budal naNG ndi buk ???
Bu sarni : wealaaah bapak kuwi…..mau kartii tag kon marani bapak …mboten ketemu teng dalan to pak ??
Pak sarno : ooOoOowalah…..tag kiro budal nang endi bukk….hmmmm ora ie buk…bapak mau gag ketemu kartini…
Bu sarni : lahadalaw kok isow gag ketemu kie….bapak mau lewt pundi ??
Pak sarno : aku mw mulih ko sawah kie lewat ngarep umahe pak dosol bu, barebg pak sartono. lha wong pak surat kie samba tae ngrasakne anake kae…
Bu sarni : sambat pripun to buk ??
Pak sarno : jarene buk,anake lanang kie jek cilik wes ngewar ngewer anake wong, seng sijine anake wedok seng koncone kartini, di kuliahne neng STikiP mgawi ora gelem. Malah jarene milih budal neng kota metropolitan,golek duwit..
Bu sarni : weeeealah yow malah sae to pak …..sampun saget mandiri…
Pak sarno : apik pye tow buk ??? yow ura yowww…kuliah wie hubungane karo pendidikan buk..pendidikan kie penting buk,gae masa depaN,koyog jarene bu wahyu kae low buk… “ tututlah ilmu setinggi langit “…..Nek kuliah, wes pinter, golek gawean kie gAMpang buk…
Bu sarni : iyow pak bener niku,,,,nek anak anak bangsa kie koyog kartini anake dewe, manut,santun,pintrer,gag ate neko-neko.. koyog seng di omongne wong nduwur biyen pak “ mencerdaskan kehidupan bangsa “ wong kartini kie kan yow termasuk anank-anak bangsa.
Pak sarno : Hust gag apek bukk….kuwi jenenge sombong…
Bu sarni : injeh pak,,,,,,sepuntene njeh…
Pak sarno : iyow buk gag popo, aku Cuma gag penak nek krungu tonggo…….wis buk,,ket mau kie jane bapak wes gatel kabeh. Bapak arep iyam disik…
Bu sarni : yow wis….., bapak ndang iyam disik. Ibuk yow arep mbaayar arisan disik.
( kemudian pak sarno pergi mandi dan bu sarno mengkutinya )

( dirumah pak dosol )
Ibu : ( sedang beres-beres rumah )
Bapak : AsAlamuaikum…..
Ibu : waalaikumsalam…. …
Bapak : buk aku pundutne kendi…ngelak kie buk..
Ibu : injeh pak…. ( sambil pergi mengambilkan kendi )……Kadingaren kok bapak sampun rawuh
Bapak : iyow buk, wong mendunge wae katon wis peteng…weee ibuk kie lagi ngopo wie kok sajake serius …
Ibu : iki low pak, ibu lagi njahit sarunge`e bapak seng suwek. Wong jarene kie mengke dalu bade tindak kondangan..
Bapak : oOoOoOW…lha yah mene kie wayahe wong tepar buk, kok malah jahit sarung..mau-mau kie nang ndi ae ta buk ??
Ibu : jane kie mau wis tag jahit pak, durung ngasi rampung kie anakmu teko.
Bapak : oOoOwalah buk buk..anak teko kok ngowarne gawean ??? opo ganti ganti maneh yow seng di kewar kewer ?
Ibu : kewar kewer piye taw bapak iku ??...
Bapak : lha piye neh jenenge ngono kuwi buk ? nek gag kewer kewer ? wong ndino ndino kok isine mung ganti ganti wong seng di jak muleh,…grasakne sampek judek aku karo anakmu lanang…
Ibu :weeealah bapak iki gag mudeng taw….seng kulo maksud niku putrine bapak,uduk putrane bapak…
Bapak : lhooooO we kie nek omong seng tenanan buk, bapak kie lagi kesel . kok malah di jak guyon…
Ibu : sak estu pak,kulo mboten guyon…
Bapak : y owes nek tanah anaku wedok muleh tenan, kene timbalono….!!!
(kemudian ibu memanggil Aminah )
Ibu : ndok…… ndokkkk aminah…..
Aminah : dalem ibu ( sahut aminah )
ibu : ndang mrene ndok. Kie lo di timbale bapak.
Aminah : injeh buk..( kemudian aminah masuk )
Bapak : lhow ndokkkk…aminah….
Aminah : bapak …(sambil memeluk bapak ) bapak…..bapak….sepuntene bapakkkk…..
Bapak : wes ndok, duren duren roti roti, biyen biyen sak iki sak iki.wes gag dadi opo opo,bapak barang kie yow salah..
Aminah : mboten pak, mboten sak meniko kuloi seng salah, seng mboten manud kalian nasehatipun bapak…
Bapak : wes lah ndok, gag usah dipikir maneh….lha sak iki seng penting awakmu wis bali…bapak wis seneng…..gag yo ngono to buk??
Ibu : iyow nduk,,kowe muleh wae kie bapak,ibu wis seneng….
Aminah : injeh bapak,ibu…….
Bapak : wis nduk sak iki kie podo di toto maneh bareng bareng…sak iki karepmu kie piye ?
amiNah : sak meniko kulo manut kalian bapak mawon,sae ne pripun..
Bapak : wes ngene ae ….iso gag iso kie awakmu kudu kuliah wae,meneruskan pendidikanmu ndok..ben penak mbesuke….
Aminah : injeh pak…kulo manut mawon..
Bapak : Wes ngene ae..kowe ndangv budal gone pak sarno,,kono ndang takok persyaratane mlebu kuliah neng STIKIP kie opo wae ..!
aMinah ; injeh pak…, njeh mpun kulo budal rumiyen pak,,,ibu…
bapak + ibu : iyow nduk,,,ati ati,,,
(aminah berpamitan sama bpk dan ibu, kemudian aminah pergi )
Bapak : wesssss ayem tenan aku buk….
Ibu : ayem piye taw pak ??
Bapak : lha nek gag ayem kie yo pie to buk…wong anak mwedok seng gaene di kandani, di pernahne angel, sak iki wes penak tatanane….wesw gelem di kon sekolah maneh…wes gag ngerasa bersalah aku buk...... Eeeeee tanah yoe bener omongane Romo biyen…goblok gblok ie cukup bapak wae,jo nganti seng jenenge anak kie melu melui mendo..
Ibuk : iyo pak,,,sak iki ibu yow wis ayem, iso turu angkler . gag tong tongen anakmu wedok maneh..
Bapak : wes buk,sak iki wes beres masalah anak wedok…ayog kita mengenang masa masa muda maneh…iyam barfeng ben ketok mesra…
Ibu ; ah bapak iku iso iso wae, grai ibu isin….
( kemudian dengan genit bapak dan ibu pun pergi)

Tidak ada komentar: